Pengen Duwe Usaha Keripik Pelem

Terus terang, bengen kita pernah garep tuku mesin kanggo gawe keripik pelem. Regane sekitar 15 juta. Cuma karena waktu kanggo usahane sada angel dadi beli sida. Nah sekien cita-cita pengen duwe usaha keripik pelem kumat maning. Suatu saat usaha iki pengen tak lakoni bener-bener.

Kita mikir, kayane usaha keripik pelem lumayan prospek bagus. Kita pengen duwe usaha tapi gawe produk dewek. Selama ikikan kita cuma ngedol produke uwong. Ana telung alesan kenapa kita milih produk gawe keripik pelem.
Wiwitan pelem neng guri umah
Wiwitan pelem neng guri umah
Pertama, pelem iku ciri khas panganane wong dermayu. Nah, selama iki memang ana sih sing wis gawe, tapi sing gawe malah neng daerah Malang. Kita pernah deleng pas dolan meng Malang. Sayangkan lamun peluang iki ora dijukut? Kita pengen gawe keripik pelem khas dermayu sing ake rasane misale rasa kerpik pelem gedong, rasa keripik pelem cengkir, rasa keripik pelem gajah, pokoke rasa-rasa sejenelah. Kita kepikiran baka gawe keripik pelem berarti bisa dijalanaken melalui rong cara yaiku pertama, gawe kemasan sing bagus terus didol lewat toko online. Biasalah internet digunakena. Terus keloro, selain lewat internet, ya pastine karo ngedol secara langsung. Sukur-sukur sampe bisa ekspor (he..2).

Keloro, kita pengen buka lapangan kerja neng sekitar umah khususe wong ujunglah. Paling beli, ko kan ana karyawan kanggo ngoceki kulit pelem, bungkusi keripike, goreng keripike, lan kerjaan sejene.

Ketelu, dermayu kudu duwe oleh-oleh khas sing dadi andalan selain kerupuk, trasi lan batik. Dermayu kudu duwe panganan tekenal kaya daerah sejen misale Jogja terkenal bakpia karo gudeg, brebes terkenal bawange, purwokerto terkenal sale gedang, lan sejen-sejene. Nah priwen karo dermayu ? Ya pastine KERIPIK PELEM....

Dongakena ya cah moga-moga bisa tercapai gawe usaha keripik pelem.

Comments